Ramalan Sabdo Palon (jawa) Sinom : Pada sira ngelingana,Carita ing nguni-nguni,Kang kocap ing serat babad,Babad nagri Mojopahit,Nalika duking nguni,Sang-a Brawijaya Prabu,Pan samya pepanggihan,Kaliyan Njeng Sunan Kali,Sabda Palon Naya Genggong rencangira. Sang-a Prabu Brawijaya,Sabdanira arum manis,Nuntun dhateng punakawan,“Sabda palon paran karsi”,Jenengsun sapuniki,Wus ngrasuk agama Rosul,Heh ta kakang manira,Meluwa agama suci,Luwih becik iki agama kang mulya. Sabda Palon matur sugal,“Yen kawula boten arsi,Ngrasuka agama Islam,Wit kula puniki yekti,Ratuning Dang Hyang Jawi,Momong marang anak putu,Sagung kang para Nata,Kang jurneneng Tanah Jawi,Wus pinasthi sayekti kula pisahan. Klawan Paduka sang Nata,Wangsul maring sunya ruri,Mung kula matur petungna,Ing benjang sakpungkur mami,Yen...